Saben wulan, Adot lan Dono remen banget dolan menyang
panggon-panggon pariwisata kang apik ing Indonesia, kaya Gunung Bromo, Gunung
Merapi, Gunung Semeru, Danau Toba, Pantai Kuta, Pantai Lovina lan
sakpanunggalane.
Agustus iki, Adot
lan Dono rencana arep dolan menyang gunung Semeru.
Tanggal 1 Agustus,
esuk-esuk Adot lan Dono budhal saka omah numpak mobil kang disetiri Dono.
Panggone gunung Semeru karo omahe bocah loro kui pancen rada adoh. Jam 5 sore,
Adot lan Dono lagi teka ing lereng gunung Semeru. Nanging, amarga wis surup,
Adot ngajak Dono kanggo nginep dhisik ing salah sijine penginapan kang wis
disediakne.
Jam 3 esuk, Adot
lan Dono budhal munggah gunung Semeru karo rombongan liyane. Sakdurunge budhal,
ketua rombongan menehi pitutur gawe wong-wong kang arep munggah gunung Semeru,
supaya mesthi jaga karesikane panggon pariwisata. Sakwise iku, rombongan kang
jumlahe ana 20 luwih budhal bareng-bareng munggah ing gunung Semeru. Nanging
sakdurunge budhal, mara-mara Dono njaluk diterna menyang jedhing dhisik.
“Dot, aku arep
menyang jedhing dhisik. Aja kok tinggal!” kandhane Dono menyang Adot kang wis
arep mlaku bareng, melu rombongan liya.
“Leh, piye to Don!
Wong-wong wis arep budhal iki!”
“Wes to ora apa,
engko awakedewe budhal dhewe. Pokok aku aja ditinggal!”
Nanging amarga
Adot lan Dono wis kekancan suwi, Adot
gelem wae nunggoki Dono sing lagi menyang jedhing.
10 menit ing
jedhing, Dono bali lan langsung ngajak Adot mlaku.
“Dot, saka gunung
Semeru iki, awakedewe menyang endi maneh? Aku kok pengen menyang Lombok ya?”
kandhane Dono karo ngos-ngosan amarga wis mlaku rada adoh.
“Ya gak apa yen
menyang Lombok, nanging sakwise saka gunung Semeru iki, awakedewe kudu marikna
tugas akhir kuliahe awakedewe dhisik lo Don.”
“Wes gampang kui.
Pokok bar kui awakedewe wajib menyang Lombok! Ing Lombok panggon wisatane
apik-apik!”
Ing ndalan arep
menyang pucuk gunung Semeru, Adot lan Dono ngomongna sembarang kalir kang bisa
di gawe omongan. Nanging, amarga wis mlaku adoh, akhire Adot lan Dono wis ora
kuat mlaku maneh, dheweke bocah loro mutusna kanggo lingguh-lingguh ing ngisor
wit.
“Dot, pisang kang
tak tuku wingi endi?” pitakone Dono menyang Adot sing lagi senderan ing wit.
“Jupuken dhewe ing
tasku. Aku kesel.”
Dono jupuk pisang
kang wis mateng nganti warnane kuning ing jero tas. Sakwise mangan pisang,
kulit pisange dudune disimpen ing kresek supaya iso diguwak mengko wayah ana
panggon kanggo nguwak sampah, nanging karo Dono malah diguwak sembarangan.
“Don! Kok ngawur
to kowe!!” kandhane Adot kanggo ngadek njupuk kulit pisang kang diguwak Adot
sembarangan.
“Halah Dot, jarno
wae wes! ”
“Jarno piye?
Awakmu mau ora krungu yen awakedewe iki kudu jaga karesikane panggon pariwisata
iki!”
“Halah Dot, wong
saiki ora ana sing eruh wae. Yo ora apa. Peraturan iku digawe kanggo dilanggar
Dot!”
“Dilanggar lambemu
kui, yen saben wisatawan mikire kaya awakmu, lak yo bubrah panggo pariwisata
iki.”
“Halah mboh Dot
aku mlaku dhisik!” kandhane Dono karo ninggal Adot kang lagi njpuki sampah
kulit pisange Dono.
“Don! Aja ninggal
kowe, mau wis tak enteni, saiki awakmu malah arep ninggal aku. Deloken iki lo
sampahmu, resikono dhisik, yen petugas panggon pariwisata iki eruh, awakedewe
iso diseneni ngawur.”
“Wes to Dot, ora
apa. Wong liya paling yo ora peduli. Aku mung ngguwak saithik tok Dot, ora
akeh!”
Nanging masio wis
diomongi, Dono panggah ora gelem ngresiki sampah kang diguwak sembarang dening
deweke mau. Nanging Adot masio wis ditinggal mlaku dening Dono, tetep ngresiki
sampah-sampah bekase Dono.
Ora adoh saka
panggone Adot resik-resik larahane Dono, mara-mara ana suara njaluk tulung.
“Dot tulung aku
Dot! Aku arep ceblok, nyemplung jurang! Dot! Dot! Tulung aku!” kandhane wong
saka kadohan.
Krungu jenenge
diceluk, Adot langsung mlayu menyang sumbere suara. Tibakna wong kang nyeluki
dheweke iku Dono.
“Don! Kepriye kok
awakmu iso ing kene?” kandhane Adot karo narik tangane Dono kanggo munggah.
Ora pati suwi,
akhire Dono wis ing nduwur maneh.
“Ya Allah Dot!
Alhamdulillah Dot, aku mau rasane kaya wis arep mati!” kandhane Dono karo
keringete nelesi rambute.
“Hla awakmu iki,
kepriye ceritane kok iso ing kono mau?”
“Ora eruh, tapi
kayake aku mau kepleset kulite pisang.”
“Ya ngono iku,
akibate ora jaga karesikan, rasakno to saiki awakmu kenek batune dhewe. Ngene
iki, sesok-sesok yen diomongi iku sing manut, dudune malah dilanggar sak
karepmu dhewe. Yen wis cilaka lak bingung to?”
“Peh iyo Dot,
atiku jan tratapan mau.Wes janji aku ora bakal mbaleni maneh.”
“Yo ngene iki lo
Don, asline iku pariwisata ing Indonesia iku apik. Nanging akeh bocah-bocah
kang angel diomongi kaya awakmu ngene iki sing nggarai pariwisata ing Indonesia
dadi ala. Amarga wisatawane ora gelem jaga karesikan.”
“Iyo Dot bener
sing kok omongna. Wes kapok aku ngguwak larahan ing samubarang panggon.”
"Yo wis yen ngono, ayo saiki resik-resik larahan sing ana ing kene." Ajak Adot menyang Dono.
Sumber foto: travel.detik.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar